Senin, 04 Februari 2013

Sinopsis Sendang Sriningsih versi Jawa

SINOPSIS
CARIYOS RAKYAT SENDANG SRININGSIH

Udakara taun 1934 jumlah tiyang katolik wonten ing wedi taksih sekedhik sanget, lan gereja wedi  taksih enget sekedhik, dereng kathah kados sak punika. Gedung Gereja dereng wonten, menapa malih Pastoran, sainggo kegiatan piwucal agama Katolik dipunpusataken setunggal wonten pawiyatan Rakyat Murukan Wedi.
Dungkap tutupan taun 1934, udakara wulan Oktober, Paroki Klaten angsal tambahan Imam baru, inggih menika Romo Damianus Hardjo suwondo, SJ. Piyambakanipun dereng dangu kondur saking Nederland. Tugas imam enggal kasebut,kejawi ambiyantu paroki Klaten, taksih kedah ambiyantu Paroki Ganjuran Bantul. Sak lebetipun Setunggal minggu, tigang dinten ambiyantu paroki ganjuran, lan sekawan dinten ambiyantu paroki Klaten. Menawi mekaten saged kita bayangaken kados menapa awratipun dados imam ingkang makaryo wonten kaleh paroki ingkang tebih sanget, lan sarana kangge hubungan dereng kados kawontenan sakmenika.
Wonten Paroki Klaten, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, dipunserahi tugas mbina stasi Wedi kaliyan Stasi Soran. Dinten Sabtu dumugi senen enjing mbina Stasi wedi, senen siang dumugi selasa sonten mbina Stasi Soran.Kawontenan menika ngantos dumugi akhir wulan Pebruari 1935, sesebutan ingkang dipunaturaken inggih menika“MATER CHRISI” (Bunda Kristus).
Wonten ing wulan pebruari inggih ugi, Romo D. hardjo suwondo, SJ,. Dipuntetepaken dados pembantu tetap wonten ing Paroki Klaten. Wiwit wekdal menika piyambakipun saged ngetog tenaga sak wetahipun mbina Stasi Wedi.Dangu saya dangu Stasi Wedi saya ngrembaka kaliyan umat katolik jumlahipun tambah kathah.


Wiwitan taun 1935 kathah sanget, Romo D. Hardjosusondo, SJ, ngarahaken wigatosanipun dhateng laladan ngantos dumugi lereng bukit sisih kidul, lan mbikak stasi wonten ing mrika, inggih menika Stasi Njali. Pranyata ing laladan ingkang radi tandus menika, wiji ingkang dipunsebaraken kaliyan Romo D. Hardjosuwondo, SJ, saged gesang ngantos ngrembaka.Mboten ngenal sayah, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, medal saha mlebet dusun martakaken sabdaning Gusti.Piyambakanipun dipunrencangi kaliyan para pemuka umat katolik wedi.
Salah setunggaling dinten ing wiwitaning taun 1936, salebeting lampah nlusuri wonten lereng bukit, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, sesarengan Pak Lurah Njali lan sakwetawis tiyang sanesipun, manggihi salah satunggaling papan ingkang radi narik kawigatosan. Papan menika mapan wonten sak sisih kileni Dusun Njali. Ing papan kasebut, wonten mata air (sendang) lan salah satunggaling Pondok alit (gubuk), lan kawontenan kraos radi benten  enawi dipunbanding kaliyan laladan sakiwa tengenipun. Saingga Romo D. Hardjosuwondo, SJ, sanget kepranan kaliyan papan kasebut.Piyambakipun ngajak kaliyan para pendherekipun lenggah angayom sak ngandapipun wit gayam sinambi anggatosaken kanthi saestu papan kasebut.Miturut Pak Lurah Njali papan kasebut winastan”Sendang duren”.
Sendang Duren mapan ing sisih Kidul Wetan Prambanan, ing lereng sisih Wetan Gunung Ijo ingkang inggilipun kirang langkung 200m ing sainggiling permukaan toya segara. Sendang Duren, gutek ing akathah saged dipuntafsiraken menawi papan kasebut kathah sanget wit duren, ananging kanyatanipun mboten. Miturut tiyang sepuh mila miwit rumiyin ing papan kasebut mboten wonten wit duren. Lamun tekan Sendang Duren kedah anglangkungi papan ingkang sulitsanget , terjal. Ananging  sak sampunipun dumugi Sendang Duren wonten katentreman lan rahmatipun  Gusti. Kados dene Duren ingkang anggadahi eri ingkang landhep ingkang ngajrihi, ananging anggadahi isi ingkang sanget eca.Lajeng papan menika dipunwastani Sendang Duren.Duren mujudaken syarat kangge margi ingkang kedhah dipuntempuh.Pawadan sanes ingkang hubungan kaliyan falsafah panggesangan tiyang jawi.

Wiwitan taun 1936, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, sesarengan Bapak Paulus Wongsosentono, ngideri ing lereng wredi kaliyan mreksani kawontenan Stasi Njali. Piyambakanipun mengku pekajeng madosi papan ziarah umat ingkang sae lan cocok. Sak sampunipun mersani pinten-pinten panggenan, pungkasane piyambakanipun dumugi wonten ing Sendang Duren.
Ing papan kasebut Romo D. Hardjosuwondo, SJ, nindakaken paniti persa nganti permati lan sesarengan. Piyambakanipun kasengsem wonten ing papan menika. Romo hangraosaken bilih kawontenan papan kasebut mila benten kabandingaken kaliyan papan-papan ingkang sampan dipunrawuhi. Senajan papan sanes ugi hanggadahi wujud lan kagungan ingkang mboten benten kaliyan Sendang Duren. Saged ugi teges duren miturut falsafah jawi punika, sami kaliyan menapa ingkang dipunpenggalih salebeting batos  dening piyambakanipun wekdal sewau.
Sinambi ngicali raos sayah, Romo kendel wonten sak ngandaping wit kaliyan ngawontenaken imbal pangandikan kaliyan Bapak Lurah Nggayam–Njali.dipunterangaken dening Pak Lurah Njali bilih papan kasebut inggih menika papan kangge panepen/nyepi, utawi papan kangge hanggadahi panyuwunan kunjuk ingkang Maha Kuwaos. Bab kasebut sampun lumampah sampun dangu. Tiyang ingkang dumugi mrika mboten namung tiyang-tiyang sak kiwa tengenipun sendang, ananging kala-kala ugi wonten ingkang asalipun saking tebih.
Jumbuh kaliyan katrangan menika, Romo ngajak kondur kaliyan mboten paring pesen menapa kemawon. Hananging ketingal sanget wonten bab-bab ingkang dipunpenggalihaken wonten salebeting batos.
Sawetawis wekdal kalajengipun, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, rawuh malih wonten ing njali kaliyan nyuwun Pak Lurah Njali tumbas siti ing sendang duren lan sakiwa tengenipun. Miturut Romo, siti menika badhe dipunpisungsungaken katur Bunda Maria lan dipundadosaken papan ziarah kados gua Lourdes. Selajengipun siti dados kagunganipun Romo D. hardjosuwondo, SJ, atas nami Bapak Ig.Agnosuwita. Pengesahan sade tinumbas sakinh Bupati Jogjakarta pinacak tanggal 3 januari 1938, lan dipuncatet wonten ing buku Later C nomer 257.
Sasampunipun siti dipuntumbas kaliyan Romo, mila sendand duren wiwit dipunbangun. Ingkang kapisan dipundamel bak toya ukuran 2 x 1,5 X 1m ingkang dipunginakaken kangge nampung toya ingkang trus mili. Kejawi bak toya ugi dipunbangun setunggaling Griya Joglo ingkang ditumbas saking Gading, Gunung Kidul.Salebetipun Joglo kasebut dipunparingi reca Bunda Maria ngemban ingkang Putra Yesus.Reca menika dipundamel dening Bapak Broto Sumarto, serut dipunbantu dening Bapak Broto Sukisma Njali.Bahan bakenipun dipunpendhet saking kali Gesing wilayah Patut.
Sasampunipun pembangunan cekap, papan kasebut dipunberkati, dipunsucikaken lan dipunpisung-sungaken katur Bunda Maria kangge papan ziarah. Lajeng papan menika dipunparingi nami SENDANG SRININGSIH.
Sendang Sriningsih dipuntegesi awujud lantaran sih/rahmatipun Gusti, utawi lantaran sedaya rahmat.Dening Romo D. Hardjosuwondo, SJ, kita dipunajak dhateng papan menika kangge hangurmati dhateng Ibu Maria ingkang dados lantaran sedaya rahmatipun Gusti dhateng umat. Babagan menika jumbuh kaliyan kawontenan sriningsih ingkang toyanipun mboten pernah asat senadyan kemarau sanget panjang. Saengga kathah tiyang sakiwa tengenipun sendang ingkang mendet toya saking Sendang Sriningsih.Punika ugi rahmat Gusti badhe terus mili dhumateng kita ingkang mboten pernah asat/garing selaminipun.
Dipunkajengaken ugi dening Romo D. hardjosuwondo, SJ, Sendang Sriningsih saged dados sarana tumprap Gusti ingkang Maha mirah, kangge marengaken Rahmatipun dhumateng umatipun ingkang saweg selebetipun penandhang. Bunda Maria dipunkajengaken dados sumbering pangajeng-ajeng putra-putrinipun tumrap Gusti. Langkung-langkung piyambakanipun ingkang sacara langsung sowan Bunda Maria wonten ing Sendang Sriningsih.
Rikala natal 1938(?) wonten ing Sriningsih kabaptis 40 tiyang katolik saking Njali lan sakiwa tengenipun. (Baptisan menika mujudaken baptisan masal kaping kaleh tumrap umat katolik Njali/baptisan kapisan rikala tanggal 23 desember 1935 wonten Gereja Wedi)

Rikala semanten Romo D. Hardjosuwondo, SJ, dereng saged hanglajengaken pembangunan Sriningsih jumbuh kaliyan ancas tujuanipun. Hananging Sriningsih sampun wiwit dados papan ziarah tumrap putra-putrinipun, langkung-langkung saking njawi lan sakiwa-tengenipun kaliyan Paroki Wedi lan Klaten.
Kangge mujudaken Sriningsih kangge papan ziarah, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, dipun bantu denin g Bapak A. Darmowiyoto saking wedi. Bapak Darmowiyoto dipunpasrahi tugas kangge nggulawentah lan hanglajengaken pembangunan Sriningsih, jumbuh kaliyan wujud lan warna ingkang dipunidam-idamaken Romo D. Hardjosuwondo, SJ. Sekedhik mbaka sekedhik Sriningsih dipunbangun. Wonten kalih kamar mandi kangge priya lanwanita. Golgota katata malih lan dipundamelaken Stasi Margi Salib kaliyan wit jaranan ingkang saged gesang lan awujud Salib.Ewadene  Gambar margi Salib dipunpasang menawi badhe dipunginakaken. Peziarahan umum dipunwonteni saben tanggal 30 Mei kaliyan Sembahyangan Rosario lan Margi Salib.
Romo A. Purwodihardjo, Pr, lan Romo Pudjohandoyo, Pr, rikala hangasta Pastur wonten ing wedi, tansah maringi wewarah dhateng umatipun supados kelajenganipun saged ngopeni lan nglestarekaken Sriningsih dados papan Ziarah. Umat dipunsuwun asring tindak ziarah dhateng Srin ingsih lan anjagi nami ingkang sae Sriningsih.
Sasampunipun Sendang Sriningsih tumatha, kalebet Gunung Golgotanipun, Bapak A. Darmowiyoto nilaraken Wedi lan pindah dhateng Mertayudan. Panggulawenthah Sriningsih dipunserahaken dhateng Romo A. Tjokrowardoyo, Pr, (Pastur Paroki) dipunbamtu Bapak A. Djarwosudiro, Pencar, Wedi.
Rikala Romo A. Tjokrowardoyo, Pr, dados Pastur Paroki Wedi, piyambakipun budidaya damel Sriningsih langkung nengsemaken para peziarah. Dhuk rikala taun 1953 sriningsih dipunbangun. Gua dipundamel wonten sisih Kilen, mapan wonten ing Ler rumpun bambu ori, ngadhep Mangetan. Ing sisih Ler dipunbangun setunggaling altar ingkang cekap sae( rikala wkdal semanten). Stasi Margi Salib dipunenggalaken.Rikala wekdal menika ugi Sriningsih langkung dipunmangertosi masyrakat njawining rangkah.

1 komentar:

  1. Ibu Nastiti Puji Rahayu, sinopsis puniko saestu sanget migunani kangge kulo ingkang duk rikolo thn 1976 dumugi 1980 an sregep sowan Gusti Yesus lumantar Kanjeng Dewi Maria, saben dinten Kamis malem jumat. Mature nuwun

    BalasHapus