Senin, 04 Februari 2013

TEORI FOLKLORE VERSI JAWA TEORI FOLKLORE VERSI JAWA


TEORI FOLKLORE VERSI JAWA

Pangertosan folklore
Folklore asalipun saking kaleh tembung dasar inggih menika folk kaliyan lore. Folk inggih menika kelompok tiyang ingkang hanggadahi cirri-ciri pangenal fisik, sosial kaliyan kabudayaan, saengga saged dibentenaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Ciri-ciri pangenal menika antawisipun saged awujud warni kulit ingkang sami, awujud rikma ingkang sami, kaliyan agami ingkang sami. Namung ingkang langkung wigatos inggih menika bilih piyambakanipun sampun anggadahi setunggaling tradidi, inggih menika kabudayan ingkang sampun dipunwarisi run-temurun paling mboten kaleh generasi ingkang saged dipunakeni  kados dene gegadhahanipun piyambak. Kejawi menika ingkang langkung wigatos inggih menika bilih piyambakanipun sadar dhatengpratanda golonganipun piyambak.( Dundes, 1965:2; 1977:17-35; 1978:7 dalam James Danandjaja, 1994:1 ).

Ciri lan Wujud Folklor
Folklore hanggadi pinten-pinten ciri ingkang ambedakaken saking kasusastraan secara kaserat, ing antawisipun :
a.      Folklore hanggadahi versi ingkang benten-benten jalaran panyebaranipun secara lesan.
b.      Folklore anonim jalaran penyeratipun mboten dipinmangertosi maleh, mila cariyos rakyat sampun dados gagdhahanipun masyarakat panyengkuyungipun.
c.       Folklore dados geghadahanipun sesarengan saking kolektif tertentu. Dasar anggepanipun menika kados jalaran sifatipun ingkang anonim.
d.      Folklore sifatipun polos kaliyan lugu, saengga asring sanget wujudipun kasar, kelajeng spontan.


Pangertosan Cariyos Rakyat
Cerita rakyat inggih menika salah setunggaling karya sastra ingkang lair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun masyarakat tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu. (James Danandjaja, 1984:4)

Fungsinipun Cariyos Rakyat
Cariyos rakyat hanggadahi fungsi ing antawisipun :
a.      Kangge system proyeksi (projective system) inggih menika kangge piranti pencerminan angen-angen setunggaling kolektif.
b.      Kangge piranti pawiyatan anak (Paedagogocal Device).
c.       Kangge piranti pangesahan pernatan-pernatan kaliyan lembaga-lembaga kabudayan.
d.      Kangge piranti pengawas supados norma-norma masyarakat saged dipuntekuni. (James Danandjaja, 1984:4)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar