SINOPSIS
“CARIYOS RAKYAT SENDANG SRININGSIH”
Udakara taun 1934 jumlah tiyang
katolik wonten ing wedi taksih sekedhik sanget, lan gereja wedi taksih enget sekedhik, dereng kathah kados
sak punika. Gedung Gereja dereng wonten, menapa malih Pastoran, sainggo
kegiatan piwucal agama Katolik dipunpusataken setunggal wonten pawiyatan Rakyat
Murukan Wedi.
Dungkap tutupan taun 1934, udakara
wulan Oktober, Paroki Klaten angsal tambahan Imam baru, inggih menika Romo
Damianus Hardjo suwondo, SJ. Piyambakanipun dereng dangu kondur saking
Nederland. Tugas imam enggal kasebut,kejawi ambiyantu paroki Klaten, taksih
kedah ambiyantu Paroki Ganjuran Bantul. Sak lebetipun Setunggal minggu, tigang
dinten ambiyantu paroki ganjuran, lan sekawan dinten ambiyantu paroki Klaten. Menawi
mekaten saged kita bayangaken kados menapa awratipun dados imam ingkang makaryo
wonten kaleh paroki ingkang tebih sanget, lan sarana kangge hubungan dereng
kados kawontenan sakmenika.
Wonten Paroki Klaten, Romo D.
Hardjosuwondo, SJ, dipunserahi tugas mbina stasi Wedi kaliyan Stasi Soran.
Dinten Sabtu dumugi senen enjing mbina Stasi wedi, senen siang dumugi selasa
sonten mbina Stasi Soran.Kawontenan menika ngantos dumugi akhir wulan Pebruari
1935, sesebutan ingkang dipunaturaken inggih menika“MATER CHRISI” (Bunda
Kristus).
Wonten ing wulan pebruari inggih ugi,
Romo D. hardjo suwondo, SJ,. Dipuntetepaken dados pembantu tetap wonten ing
Paroki Klaten. Wiwit wekdal menika piyambakipun saged ngetog tenaga sak
wetahipun mbina Stasi Wedi.Dangu saya dangu Stasi Wedi saya ngrembaka kaliyan
umat katolik jumlahipun tambah kathah.
Wiwitan taun 1935 kathah sanget, Romo
D. Hardjosusondo, SJ, ngarahaken wigatosanipun dhateng laladan ngantos dumugi
lereng bukit sisih kidul, lan mbikak stasi wonten ing mrika, inggih menika Stasi
Njali. Pranyata ing laladan ingkang radi tandus menika, wiji ingkang
dipunsebaraken kaliyan Romo D. Hardjosuwondo, SJ, saged gesang ngantos
ngrembaka.Mboten ngenal sayah, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, medal saha mlebet
dusun martakaken sabdaning Gusti.Piyambakanipun dipunrencangi kaliyan para
pemuka umat katolik wedi.
Salah setunggaling dinten ing
wiwitaning taun 1936, salebeting lampah nlusuri wonten lereng bukit, Romo D.
Hardjosuwondo, SJ, sesarengan Pak Lurah Njali lan sakwetawis tiyang sanesipun,
manggihi salah satunggaling papan ingkang radi narik kawigatosan. Papan menika
mapan wonten sak sisih kileni Dusun Njali. Ing papan kasebut, wonten mata air
(sendang) lan salah satunggaling Pondok alit (gubuk), lan kawontenan kraos radi
benten enawi dipunbanding kaliyan
laladan sakiwa tengenipun. Saingga Romo D. Hardjosuwondo, SJ, sanget kepranan
kaliyan papan kasebut.Piyambakipun ngajak kaliyan para pendherekipun lenggah
angayom sak ngandapipun wit gayam sinambi anggatosaken kanthi saestu papan kasebut.Miturut
Pak Lurah Njali papan kasebut winastan”Sendang duren”.
Sendang Duren mapan ing sisih Kidul Wetan
Prambanan, ing lereng sisih Wetan Gunung Ijo ingkang inggilipun kirang langkung
200m ing sainggiling permukaan toya segara. Sendang Duren, gutek ing akathah saged
dipuntafsiraken menawi papan kasebut kathah sanget wit duren, ananging
kanyatanipun mboten. Miturut tiyang sepuh mila miwit rumiyin ing papan kasebut
mboten wonten wit duren. Lamun tekan Sendang Duren kedah anglangkungi papan
ingkang sulitsanget , terjal. Ananging
sak sampunipun dumugi Sendang Duren wonten katentreman lan
rahmatipun Gusti. Kados dene Duren
ingkang anggadahi eri ingkang landhep ingkang ngajrihi, ananging anggadahi isi
ingkang sanget eca.Lajeng papan menika dipunwastani Sendang Duren.Duren
mujudaken syarat kangge margi ingkang kedhah dipuntempuh.Pawadan sanes ingkang
hubungan kaliyan falsafah panggesangan tiyang jawi.
Wiwitan taun 1936, Romo D.
Hardjosuwondo, SJ, sesarengan Bapak Paulus Wongsosentono, ngideri ing lereng
wredi kaliyan mreksani kawontenan Stasi Njali. Piyambakanipun mengku pekajeng
madosi papan ziarah umat ingkang sae lan cocok. Sak sampunipun mersani
pinten-pinten panggenan, pungkasane piyambakanipun dumugi wonten ing Sendang
Duren.
Ing papan kasebut Romo D. Hardjosuwondo,
SJ, nindakaken paniti persa nganti permati lan sesarengan. Piyambakanipun
kasengsem wonten ing papan menika. Romo hangraosaken bilih kawontenan papan
kasebut mila benten kabandingaken kaliyan papan-papan ingkang sampan dipunrawuhi.
Senajan papan sanes ugi hanggadahi wujud lan kagungan ingkang mboten benten
kaliyan Sendang Duren. Saged ugi teges duren miturut falsafah jawi punika, sami
kaliyan menapa ingkang dipunpenggalih salebeting batos dening piyambakanipun wekdal sewau.
Sinambi ngicali raos sayah, Romo
kendel wonten sak ngandaping wit kaliyan ngawontenaken imbal pangandikan
kaliyan Bapak Lurah Nggayam–Njali.dipunterangaken dening Pak Lurah Njali bilih
papan kasebut inggih menika papan kangge panepen/nyepi, utawi papan kangge
hanggadahi panyuwunan kunjuk ingkang Maha Kuwaos. Bab kasebut sampun lumampah
sampun dangu. Tiyang ingkang dumugi mrika mboten namung tiyang-tiyang sak kiwa
tengenipun sendang, ananging kala-kala ugi wonten ingkang asalipun saking
tebih.
Jumbuh kaliyan katrangan menika, Romo ngajak
kondur kaliyan mboten paring pesen menapa kemawon. Hananging ketingal sanget
wonten bab-bab ingkang dipunpenggalihaken wonten salebeting batos.
Sawetawis wekdal kalajengipun, Romo D.
Hardjosuwondo, SJ, rawuh malih wonten ing njali kaliyan nyuwun Pak Lurah Njali
tumbas siti ing sendang duren lan sakiwa tengenipun. Miturut Romo, siti menika
badhe dipunpisungsungaken katur Bunda Maria lan dipundadosaken papan ziarah
kados gua Lourdes. Selajengipun siti dados kagunganipun Romo D. hardjosuwondo,
SJ, atas nami Bapak Ig.Agnosuwita. Pengesahan sade tinumbas sakinh Bupati
Jogjakarta pinacak tanggal 3 januari 1938, lan dipuncatet wonten ing buku Later
C nomer 257.
Sasampunipun siti dipuntumbas kaliyan
Romo, mila sendand duren wiwit dipunbangun. Ingkang kapisan dipundamel bak toya
ukuran 2 x 1,5 X 1m ingkang dipunginakaken kangge nampung toya ingkang trus
mili. Kejawi bak toya ugi dipunbangun setunggaling Griya Joglo ingkang ditumbas
saking Gading, Gunung Kidul.Salebetipun Joglo kasebut dipunparingi reca Bunda
Maria ngemban ingkang Putra Yesus.Reca menika dipundamel dening Bapak Broto Sumarto,
serut dipunbantu dening Bapak Broto Sukisma Njali.Bahan bakenipun dipunpendhet
saking kali Gesing wilayah Patut.
Sasampunipun pembangunan cekap, papan
kasebut dipunberkati, dipunsucikaken lan dipunpisung-sungaken katur Bunda Maria
kangge papan ziarah. Lajeng papan menika dipunparingi nami SENDANG SRININGSIH.
Sendang Sriningsih dipuntegesi awujud
lantaran sih/rahmatipun Gusti, utawi lantaran sedaya rahmat.Dening Romo D. Hardjosuwondo,
SJ, kita dipunajak dhateng papan menika kangge hangurmati dhateng Ibu Maria
ingkang dados lantaran sedaya rahmatipun Gusti dhateng umat. Babagan menika
jumbuh kaliyan kawontenan sriningsih ingkang toyanipun mboten pernah asat
senadyan kemarau sanget panjang. Saengga kathah tiyang sakiwa tengenipun sendang
ingkang mendet toya saking Sendang Sriningsih.Punika ugi rahmat Gusti badhe
terus mili dhumateng kita ingkang mboten pernah asat/garing selaminipun.
Dipunkajengaken ugi dening Romo D. hardjosuwondo,
SJ, Sendang Sriningsih saged dados sarana tumprap Gusti ingkang Maha mirah,
kangge marengaken Rahmatipun dhumateng umatipun ingkang saweg selebetipun
penandhang. Bunda Maria dipunkajengaken dados sumbering pangajeng-ajeng
putra-putrinipun tumrap Gusti. Langkung-langkung piyambakanipun ingkang sacara
langsung sowan Bunda Maria wonten ing Sendang Sriningsih.
Rikala natal 1938(?) wonten ing
Sriningsih kabaptis 40 tiyang katolik saking Njali lan sakiwa tengenipun. (Baptisan
menika mujudaken baptisan masal kaping kaleh tumrap umat katolik Njali/baptisan
kapisan rikala tanggal 23 desember 1935 wonten Gereja Wedi)
Rikala semanten Romo D. Hardjosuwondo,
SJ, dereng saged hanglajengaken pembangunan Sriningsih jumbuh kaliyan ancas
tujuanipun. Hananging Sriningsih sampun wiwit dados papan ziarah tumrap
putra-putrinipun, langkung-langkung saking njawi lan sakiwa-tengenipun kaliyan
Paroki Wedi lan Klaten.
Kangge mujudaken Sriningsih kangge
papan ziarah, Romo D. Hardjosuwondo, SJ, dipun bantu denin g Bapak A.
Darmowiyoto saking wedi. Bapak Darmowiyoto dipunpasrahi tugas kangge
nggulawentah lan hanglajengaken pembangunan Sriningsih, jumbuh kaliyan wujud
lan warna ingkang dipunidam-idamaken Romo D. Hardjosuwondo, SJ. Sekedhik mbaka
sekedhik Sriningsih dipunbangun. Wonten kalih kamar mandi kangge priya
lanwanita. Golgota katata malih lan dipundamelaken Stasi Margi Salib kaliyan
wit jaranan ingkang saged gesang lan awujud Salib.Ewadene Gambar margi Salib dipunpasang menawi badhe
dipunginakaken. Peziarahan umum dipunwonteni saben tanggal 30 Mei kaliyan
Sembahyangan Rosario lan Margi Salib.
Romo A. Purwodihardjo, Pr, lan Romo
Pudjohandoyo, Pr, rikala hangasta Pastur wonten ing wedi, tansah maringi
wewarah dhateng umatipun supados kelajenganipun saged ngopeni lan nglestarekaken
Sriningsih dados papan Ziarah. Umat dipunsuwun asring tindak ziarah dhateng
Srin ingsih lan anjagi nami ingkang sae Sriningsih.
Sasampunipun Sendang Sriningsih
tumatha, kalebet Gunung Golgotanipun, Bapak A. Darmowiyoto nilaraken Wedi lan
pindah dhateng Mertayudan. Panggulawenthah Sriningsih dipunserahaken dhateng
Romo A. Tjokrowardoyo, Pr, (Pastur Paroki) dipunbamtu Bapak A. Djarwosudiro,
Pencar, Wedi.
Rikala Romo A. Tjokrowardoyo, Pr,
dados Pastur Paroki Wedi, piyambakipun budidaya damel Sriningsih langkung
nengsemaken para peziarah. Dhuk rikala taun 1953 sriningsih dipunbangun. Gua
dipundamel wonten sisih Kilen, mapan wonten ing Ler rumpun bambu ori, ngadhep
Mangetan. Ing sisih Ler dipunbangun setunggaling altar ingkang cekap sae(
rikala wkdal semanten). Stasi Margi Salib dipunenggalaken.Rikala wekdal menika
ugi Sriningsih langkung dipunmangertosi masyrakat njawining rangkah.
Ibu Nastiti Puji Rahayu, sinopsis puniko saestu sanget migunani kangge kulo ingkang duk rikolo thn 1976 dumugi 1980 an sregep sowan Gusti Yesus lumantar Kanjeng Dewi Maria, saben dinten Kamis malem jumat. Mature nuwun
BalasHapus