TEORI FOLKLORE VERSI JAWA
Pangertosan
folklore
Folklore asalipun saking kaleh tembung
dasar inggih menika folk kaliyan lore. Folk inggih menika kelompok tiyang
ingkang hanggadahi cirri-ciri pangenal fisik, sosial kaliyan kabudayaan,
saengga saged dibentenaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Ciri-ciri
pangenal menika antawisipun saged awujud warni kulit ingkang sami, awujud rikma
ingkang sami, kaliyan agami ingkang sami. Namung ingkang langkung wigatos
inggih menika bilih piyambakanipun sampun anggadahi setunggaling tradidi,
inggih menika kabudayan ingkang sampun dipunwarisi run-temurun paling mboten
kaleh generasi ingkang saged dipunakeni
kados dene gegadhahanipun piyambak. Kejawi menika ingkang langkung
wigatos inggih menika bilih piyambakanipun sadar dhatengpratanda golonganipun
piyambak.( Dundes, 1965:2; 1977:17-35; 1978:7 dalam James Danandjaja, 1994:1 ).
Ciri
lan Wujud Folklor
Folklore hanggadi pinten-pinten ciri
ingkang ambedakaken saking kasusastraan secara kaserat, ing antawisipun :
a. Folklore hanggadahi versi ingkang
benten-benten jalaran panyebaranipun secara lesan.
b. Folklore anonim jalaran penyeratipun mboten
dipinmangertosi maleh, mila cariyos rakyat sampun dados gagdhahanipun
masyarakat panyengkuyungipun.
c. Folklore dados geghadahanipun sesarengan
saking kolektif tertentu. Dasar anggepanipun menika kados jalaran sifatipun
ingkang anonim.
d. Folklore sifatipun polos kaliyan lugu, saengga
asring sanget wujudipun kasar, kelajeng spontan.
Pangertosan
Cariyos Rakyat
Cerita rakyat inggih menika salah
setunggaling karya sastra ingkang lair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun
masyarakat tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi
salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten
ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu. (James Danandjaja, 1984:4)
Fungsinipun
Cariyos Rakyat
Cariyos rakyat hanggadahi fungsi ing
antawisipun :
a. Kangge system proyeksi (projective system)
inggih menika kangge piranti pencerminan angen-angen setunggaling kolektif.
b. Kangge piranti pawiyatan anak (Paedagogocal
Device).
c. Kangge piranti pangesahan pernatan-pernatan
kaliyan lembaga-lembaga kabudayan.
d. Kangge piranti pengawas supados norma-norma
masyarakat saged dipuntekuni. (James Danandjaja, 1984:4)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar