Sabtu, 08 Maret 2014

Penulisan Kreatif Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa



“Kapusan”
By. Nastiti Puji Rahayu
Pengalaman menika kula lampahi nalika kula lan kanca-kanca jurusan Sastra Daerah 2011 ngawontenaken Kuliah Kerja Lapangan (KKL) wonten ing Yogyakarta. Kula lan rombongan bidhal saking kampus UNS jam 7 enjing lan dumugi Yogyakarta wetawis jam 10 enjing. Panggenan sepindah ingkang dipunkunjungi inggih menika Kraton Kasultanan Yogyakarta. Kraton Kasultanan Yogyakarta ketawis sae, edi lan ngremenaken. Saksampunipun saking kraton, panggenan ingkang dipunkunjungi inggih menika Balai Pelestarian Nilai Budaya (BNPB). Wonten BNPB kathah naskah-naskah Jawi ingkang dipunrumati kanthi sae. Saklajengipun, saksampunipun saking BNPB rombongan Sastra Daerah 2011 nerusaken lampah dhateng Pantai Baru. Kula lan rombongan nelasaken wekdal ngantos sonten ing Pantai Baru. Saksampunipun panggenanan ingkang pungkasan kita tuju inggih menika Malioboro.
Pengalaman ingkang boten saged kula lalekaken inggih menika nalika wonten Malioboro. Saksampunipun dumugi parkiran bis, kanca-kanca langsung mandhap bis lan mlampah tumuju Malioboro. Ananging kula lan sekawan kanca kula boten langsung mlampah sareng kanca-kanca lentunipun amargi taksih badhe dhateng toilet. Saksampunipun saking toilet kula lan sekawan kanca kula kalawau mlampah nutututi kanca-kanca ingkang sampun rumiyin tumuju Malioboro. Wonten ing tengah perjalanan kula lan kanca-kanca dipun tawani kaliyan tukang becak. Tukang becak kasebat badhe ngeteraken dhateng Malioboro kanthi ongkos 5 ewu rupiah. Kula lan kanca-kanca nampi tawaran tukang becak menika amargi kangge mempersingkat wekdal. Nalika nitih becak, tukang becak taken badhe mandhap panggenan Bakpia menapa panggenan rasukan, kula lan kanca-kanca mangsuli menawi tujuan kita menika dhateng Malioboro. Pancen kula lan kanca-kanca boten mangertos lan boten apal kaliyan dalanan Yogyakarta.
Sansaya dangu dalanan kang dipunliwati sansaya sepi, kula lan kanca-kanca bisik-bisik bingung. Ingkang dipunmangertosi Malioboro menika rame ananging menika kok malah sepi nyenyet. Nalika dumugi ing toko sandangan Dagadu lan sakpiturutipun tukang becak mandek lan ngendika menawi sampun dumugi papan panggenanipun. Kula lan kanca-kanca bingung amargi menika sanes Malioboro. Tukang becak ngendika malih bilih menawi Malioboro tasih tebih, lan barang-barang ingkang wonten Malioboro asalipun saking ngriki dados wonten ngriki reginipun luwih mirah ketimbang wonten Malioboro. Dados sami mawon, mending blanjanipun wonten mriki tinimbang wonten Malioboro.
Kula lan kanca-kanca rumaos dipunapusi kaliyan tukang becak. Raos dongkol, mangkel, susah, campur aduk dados setunggal wonten ing saroning manah. Sanadyan ing toko-toko mriku reginipun benten kaliyan Malioboro, ananging tujuan kita sanes mriku inggih menika Malioboro. Kula lan kanca-kanca banjur nyuwun dipunteraken dhateng Malioboro. Ingkang damel anyelipun manah malih bilih tukang becak menika purun ngeteraken dhateng Malioboro menawi ongkosipun dipuntambahi 10 ewu, dados ongkosipun 15 ewu kaliyan wau. Kula lan kanca-kanca pancen pegel lan emosi sanget, raosipun pengen nesu-nesu kaliyan tukang becak. Ananging boten wonten pilihan lentu malih, purun boten purun kula lan kanca-kanca kedah nambahi ongkos becakipun. Dumugi Malioboro kula lan kanca-kanca langsung mandhap saking becak. Saking raos anyel lan dongkol kula kaliyan tukang becak, ongkosipun kula paring 20 ewu supados tukang becak punika sansaya bungah. Nalika badhe dipunsusuki kula boten purun lan langsung ngalih ngoten mawon. Kedadosan punika kula dadosaken pengalaman supados kula saged luwih ngatos-atos lan waspada menawi dolan wonten ing papan panggenan ingkang dereng kula mangertosi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar