“Kapusan”
By. Nastiti Puji Rahayu
Pengalaman
menika kula lampahi nalika kula lan kanca-kanca jurusan Sastra Daerah 2011
ngawontenaken Kuliah Kerja Lapangan (KKL) wonten ing Yogyakarta. Kula lan
rombongan bidhal saking kampus UNS jam 7 enjing lan dumugi Yogyakarta wetawis
jam 10 enjing. Panggenan sepindah ingkang dipunkunjungi inggih menika Kraton
Kasultanan Yogyakarta. Kraton Kasultanan Yogyakarta ketawis sae, edi lan ngremenaken.
Saksampunipun saking kraton, panggenan ingkang dipunkunjungi inggih menika
Balai Pelestarian Nilai Budaya (BNPB). Wonten BNPB kathah naskah-naskah Jawi
ingkang dipunrumati kanthi sae. Saklajengipun, saksampunipun saking BNPB
rombongan Sastra Daerah 2011 nerusaken lampah dhateng Pantai Baru. Kula lan
rombongan nelasaken wekdal ngantos sonten ing Pantai Baru. Saksampunipun panggenanan
ingkang pungkasan kita tuju inggih menika Malioboro.
Pengalaman
ingkang boten saged kula lalekaken inggih menika nalika wonten Malioboro.
Saksampunipun dumugi parkiran bis, kanca-kanca langsung mandhap bis lan mlampah
tumuju Malioboro. Ananging kula lan sekawan kanca kula boten langsung mlampah
sareng kanca-kanca lentunipun amargi taksih badhe dhateng toilet. Saksampunipun
saking toilet kula lan sekawan kanca kula kalawau mlampah nutututi kanca-kanca
ingkang sampun rumiyin tumuju Malioboro. Wonten ing tengah perjalanan kula lan kanca-kanca
dipun tawani kaliyan tukang becak. Tukang becak kasebat badhe ngeteraken
dhateng Malioboro kanthi ongkos 5 ewu rupiah. Kula lan kanca-kanca nampi
tawaran tukang becak menika amargi kangge mempersingkat wekdal. Nalika nitih
becak, tukang becak taken badhe mandhap panggenan Bakpia menapa panggenan
rasukan, kula lan kanca-kanca mangsuli menawi tujuan kita menika dhateng
Malioboro. Pancen kula lan kanca-kanca boten mangertos lan boten apal kaliyan dalanan
Yogyakarta.
Sansaya
dangu dalanan kang dipunliwati sansaya sepi, kula lan kanca-kanca bisik-bisik
bingung. Ingkang dipunmangertosi Malioboro menika rame ananging menika kok
malah sepi nyenyet. Nalika dumugi ing toko sandangan Dagadu lan sakpiturutipun
tukang becak mandek lan ngendika menawi sampun dumugi papan panggenanipun. Kula
lan kanca-kanca bingung amargi menika sanes Malioboro. Tukang becak ngendika
malih bilih menawi Malioboro tasih tebih, lan barang-barang ingkang wonten
Malioboro asalipun saking ngriki dados wonten ngriki reginipun luwih mirah
ketimbang wonten Malioboro. Dados sami mawon, mending blanjanipun wonten mriki
tinimbang wonten Malioboro.
Kula
lan kanca-kanca rumaos dipunapusi kaliyan tukang becak. Raos dongkol, mangkel,
susah, campur aduk dados setunggal wonten ing saroning manah. Sanadyan ing
toko-toko mriku reginipun benten kaliyan Malioboro, ananging tujuan kita sanes
mriku inggih menika Malioboro. Kula lan kanca-kanca banjur nyuwun dipunteraken
dhateng Malioboro. Ingkang damel anyelipun manah malih bilih tukang becak menika
purun ngeteraken dhateng Malioboro menawi ongkosipun dipuntambahi 10 ewu, dados
ongkosipun 15 ewu kaliyan wau. Kula lan kanca-kanca pancen pegel lan emosi
sanget, raosipun pengen nesu-nesu kaliyan tukang becak. Ananging boten wonten
pilihan lentu malih, purun boten purun kula lan kanca-kanca kedah nambahi
ongkos becakipun. Dumugi Malioboro kula lan kanca-kanca langsung mandhap saking
becak. Saking raos anyel lan dongkol kula kaliyan tukang becak, ongkosipun kula
paring 20 ewu supados tukang becak punika sansaya bungah. Nalika badhe
dipunsusuki kula boten purun lan langsung ngalih ngoten mawon. Kedadosan punika
kula dadosaken pengalaman supados kula saged luwih ngatos-atos lan waspada menawi
dolan wonten ing papan panggenan ingkang dereng kula mangertosi.